Wifi Gratis Kangge Masyarakat

Admin | Rabu, 06 April 2016 19:20

Purworejo, www.jogjatv.tv Bupati Purworejo, Jawa Tengah, gadah gagasan masang wifi gratis kangge warga Purworejo. Piranti ingkang cacahipun 4 kasebat, dipun pasang dhateng sawetawis papan ing Alun-Alun Purworejo.

Bupati Purworejo, Agus Bastian, dinten Selasa (5/5) sonten nyemak wifi ingkang sampun dipun pasang. Agus Bastian ngajab, ladosan wifi lelahanan kasebat sageda dipun ginakaken dening warga Purworejo kanthi samesthinipun amrih kasembadan mujudi Kota Cerdas. Kajawi dhateng alun-alun, miturut rantaman dhateng saben SKPD badhe dipun pasangi wifi kangge biwarakaken progam pemerintah.

Cumawisipun wifi ugi badhe gampilaken bupati salebeting nyemak kridhaning SKPD.(Pambudi Nugraha)

Artikel Terkait