Warga Mbangun Bale Dhusun

Admin | Rabu, 06 April 2016 19:19

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kangge ngindhakaken ladosan dhateng masyarakat , warga Padukuhan Ngringin, Condongcatur Depok Sleman, swadaya mbangun bale dhusun. Bale Dhusun Ngringin, dipun bangun ing jalan raya Ngleles, Ngringin RT 01 RW 18 Condongcatur, Depok Sleman. Kepyakan pambangunan bale dhusun, dipun tandhani pagas tumpeng dening Kepala Desa Condongcatur, Reno Chandra Sangaji dipun pasrahaken dhateng Dukuh Ngringin, Muji Purwoko, kalajengaken pasang sela sepisanan pambagunan bale dhusun. Bale dhusun dipun bangun dhateng pasiten kas desa ingkang wiyaripun 16 meter persagi lan badhe dipun bangun tingkat 2. Miturut Kepala Desa Condongcatur ngantos samangke padukuhan ing Desa Condongcatur ingkang gadhah bale dhusun saweg 6 dhusun dene kangge njurung supados sedaya padhukuhan gumregah mbangun bale dhusun, pemerintah desa badhe suka bantuwan redana Rp 50 yuta dhateng saben padukuhan . Bale dhusun badhe dipun ginakaken kangge kantor dukuh supados saya gampil anggenipun suka ladosan dhateng masyarakat Bale dhusun ugi dipun tanjakaken kanggesarta minangka gedung serbaguna.

Miturut ketua pantia pembagunan bale dhusun Dwi Bambang Trishastata, pambangunan bale dhusun kaangkah rampung 3 taun kanthi ngecakaken redana anggraan Rp 800 yuta . (Hari Atmaja)

Artikel Terkait