Kepyakan Sekolah Siaga Bencana

Admin | Rabu, 06 April 2016 19:18

Kota Yogyakarta,www.jogjatv.tv SD Negeri satu Baluwarti, dipun kepyakaken minangka Sekolah Siaga Bencana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta. Kepayakan dipun tindakaken dening Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti, kanthi napak asmani prasasti. Salebeting kalodhangan kasebat, walikota ugi masrahaken bantuwan graji mesin lan peralatan standar bencana dhateng pehak sekolah. Saderengipun kepyakan BPBD DIY ngadani simulasi lindhu ageng, dipun estreni dening siswa SD N 1 Baluwarti dene ancasipun kangge suka seserepan dhateng masyarakat mliginipun lare-lare, supados samekta ngadhapi musibah lindhu ageng, ingkang saged tumempuh sawanci-wanci . (Tim Liputan)

Artikel Terkait