Anomali Cuaca, Dinas SDA Nyamektakaken Saluran Irigasi

Admin | Rabu, 06 April 2016 19:16

Bantul, www.jogjatv.tv Dinas Sumberdaya Air Kabupaten Bantul, ngrekadaya ngawekani anomali cuaca ingkang dumados sawetawis wekdal pungkasan antawisipun kanthi dandosi lan reresik saluran irigasi sarta nyawisaken pompa toya.

Kepala Bidang Pemeliharaan Irigasi Dinas Sumberdaya Air Kabupaten Bantul,Suyitno mratelakaken, samangke pehakipun kupiya nyamektakaken saluran irigasi ing saindhenging wewengkon Kabupaten Bantul . Saluran primer , sekunder lan tersier dipun samektakaken kangge ngawekani anomali cuaca sawetawis wekdal pungkasan. Nalika mangsa ketiga, irigasi kangge nyekapi kabetahan toya kridha olah tetanen. dene nalika mangsa rendheng, saluran irigasi kangge ngilekaken toya supados boten ngembengi papan dununging warga. Suyitno ngajab supados sanak kadang tani tanggap dhateng kawontenan, menawi kirang toya prayogi nanem palawija dene menawi kacekapan toya, saged nanem pantun.

Pangupakawising saluran irigasi inggih tanggel jawab Dinas SDA Bantul, ewa semnaten jalaran kirangipun kesadaran masyarakat salebeting njagi saluran irigasi , satemah saluran irigasi kebak slangkrah. Awit saking punika, petani kedah grengseng gotong royong reresik uwuh.

(Anang Zainudin)

Artikel Terkait