Biwara Pengetan Hari Buruh

Admin | Rabu, 06 April 2016 19:17

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kangge biwarakaken, pengetan Hari Buruh minangka hari libur nasional, Pemkot Yogyakarta badhe ngadani kridha jalan sehat tanggal setunggal Mei benjing. Kridha kasebat kaangkah dipun estreni 1.500 buruh ing Kota Yogyakarta .

Miturut Kepala Dinas Sosial Tenaga Kerja dan Transmigrasi, Hadi Muhtar, pengetan Hari Buruh Nasional, dipun gelar ing Balaikota Yogyakarta. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar kasebat, mengku ancas kangge biwarakaken Hari Buruh utawi May Day sarta kangge ngawekani bab-bab ingkang boten dipun pikajengi.

Wondene perwaklilan Serikat Buruh Kota Yogyakarta, Purwo Haryanto ngajab supados salebeting kridha kasebat para buruh dipun sukani kalodhangan ngadani orasi damai dhateng panggung. (Hari Atmaja)

Artikel Terkait