Regi Lombok Mandhap

Admin | Senin, 04 April 2016 19:37

Magelang, www.jogjatv.tv Kathahing jawah, njalari petani lombok ing tlatah pereng Redi Merbabu, Kabupaten Magelang nandhang kapitunan kathah. Sakawit rwgi Lombok Rp 25.000,00 dados Rp 20.000,00 saben kilo.Bab kasebat awit pamedalipun boten cucuk kaliyan wragat tanem.

Miturut salah satunggaling petani lombok ing Dhusun Simpenan Desa Ketunden, Kecamatan Pakis, Kabupaten Magelang, Sutardi, regi lombok sakelangkung mirah, satemah petani nandhang kapitunan kathah. Kajawi punika kathahing jawah njalari taneman lombok, alum lan pejah, kepara kathah lombok ingkang gogrog.

Sutardi mratelakaken, kangge nanem lombok dhateng pasiten ingkang wiyaripun 1 hektar, betahaken wragat Rp 8 yuta. Kamangka taneman lombok boten saged mawoh kanthi tumanja, gumantung kawontenan cuaca lan toya ingkang cekap.(Yuki Pramudya)

Artikel Terkait

Pesta Rakyat Sleman 2016

04 April 2016 19:37

Pagelaran Ringgit Purwa 2 Dhalang

04 April 2016 19:36

Dharma Shanti Nyepi

04 April 2016 19:35

Bupati Nyemak Lampahing UN

04 April 2016 19:34