Dharma Shanti Nyepi

Admin | Senin, 04 April 2016 19:35

Magelang, www.jogjatv.tv Mungkasi pahargyan Dinten Riyadi Nyepi, taun 1938 Saka, Umat Hindu ing Magelang Jawa Tengah, nindakaken Upacara Dharma Santhi, mapan ing GOR Gemilang, kompleks Pemerintah Kabupaten Magelang.

Upacara Dharma Shanti pucak pahargyan Dinten Riyadi Nyepi samangke dipun regengaken pagelaran tari dening penari saking Pura Wirabuwana, Magelang lan sendratari kontemporer dening penari saking Ngayogyakarta. Pagelaran sendratari kasebat nyariyosaken satunggal paraga ingkang suka wejangan dhateng masyarakat, ingkang tumindakipun awon.

Salebeting kalodhangan kasebat, para penari ngajak umat hindu beksan sesarengan. Miturut panitia, Upacara Dharma Shanti Nyepi taun 1938 Saka, Made Pipil, Dharma Shanti inggih pucaking Upacara Pahargyan Nyepi, ingkang ancasipun kangge nyupeketaken pasedherekan kanthi masrahaken Simokrame, pralambang apura ing apuran.

 

(Yuki Pramudya)

Artikel Terkait