Bupati Nyemak Lampahing UN

Admin | Senin, 04 April 2016 19:34

Sleman, www.jogjatv.tv Bupati Sleman, Sri Purnomo kaimpingi para pejabat dinas kawogan Pemkab Sleman, dinten Senen (4/4) siyang, nyemak lampahing Ujian Nasional dhateng sekolah ingkang ngadani Ujian Nasional Paper Based Test dene ing wanci ngaso, siswa SMA Negeri 1 Ngaglik, dipun cawisi tetedhan kangge ngawekani siswa ingkang dereng sarapan.

Bupati Sleman, Sri Purnomo nyemak lampahing Ujian Nasional ing SMA Negeri 2 Sleman, Sma Negeri 1 Ngaglik lan Sma Negeri 1 Ngemplak. Miturut Sri Purnomo, lampahing Ujian Nasional SMA lan SMK ingkang ngadani ujian Paper Based Test lumampah rancag. Soal sinerat cetha, mutuning kertas sae lan cacahipun jangkep dene lampahing Ujian Nasional Berbasis Komputer rancag, listrik ugi boten pejah.

Miturut Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupaten Sleman, Arif Haryono, pasarta Ujian Nasional SMA lan SMK ing Sleman taun 2016, 11.433 siswa. Salebeting Ujian Nasional samangke, siswa ingkang boten lulus, kedah mangsuli ujian taun ngajeng dene tumrap siswa ingkang boten saged tumut ujian jalaran wonten alangan dipun sukani kalodhangan tumut ujuan susulan, minggu ngajeng.

Pasarta Ujian Dipun Cawisi Tetedhan

Sleman,www.jogjatv.tv Ing wanci ngaso, siswa lan guru SMA N Satu Ngaglik, dhahar sesarengan. Miturut kepala SMA N 1 Nganglik, Subagyo sampun mataun-taun nalika ujian nasional, dipun cawisi tetedhan kangge siswa ingkang dereng sarapan sarta supados siswa boten tumbas jajanan ing njawi sekolahan. Wragatipun dipun pendhetaken saking Anggaran Belanja Sekolah.

Bupati Sleman, Sri Purnomo nyengkuyung gagasan SMA N 1 Ngaglik, awit sakelangkung migunani tumrap siswa.

(Subardi)

Artikel Terkait