Pagelaran Ringgit Purwa 2 Dhalang

Admin | Senin, 04 April 2016 19:36

Sleman, www.jogjatv.tv Kangge mengeti ambal warsanipun ingkang kaping tigang dasa pitu taun, SMP Negeri Satu, Mlati, Sleman, dinten Setu (2/4) ngadani pagelaran ringgit purwa sedalu natas, kababar dening 2 dhalang.

Rambahan kapisan kababar dening Aldi Riski siswa kelas 3 SMPN 1 Mlati, kalajengaken dening Ki Teguh Suyanto, dhalang saking Seyegan Sleman, alumni SMP kasebat. Pagelaran ringgit dipun regengaken dhagelan, Dalijo lan Sukir. Miturut Pelaksana Tugas Kepala SMPN 1 Mlati, Rini Trimurti, kridha pamulangan boten namung bidang akademis kemawon nanging ugi nengenaken pendidikan budi pekerti lan budaya. Awit saking punika, salebeting pengetan ambal warsa, kaping 37 lan reuni alumni angkatan tahun 1980 ngantos taun 2000 dipun regengaken maneka kridha budaya, antawisipun lomba mbatik lan lomba geguritan, mengku ancas kangge memetri kagunan budaya jawa.

Salebeting pambagyanipun Bupati Sleman, Sri Purnomo mratelakaken, minangka kupiya memetri kagunan budaya adi luhung, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Sleman, ingkang samangke nunggal dados satunggal dinas, badhe kapantha dados 2 dinas, supados langkung tumemen salebeting memetri kabudayan.

 

(Subardi)

Artikel Terkait

Dharma Shanti Nyepi

04 April 2016 19:35

Bupati Nyemak Lampahing UN

04 April 2016 19:34

6 SMA Gelar UNBK

04 April 2016 19:33