Pesta Rakyat Sleman 2016

Admin | Senin, 04 April 2016 19:37

Sleman, www.jogjatv.tv Mengeti ambal warsanipun ingkang kaping satus taun,Kabupaten Sleman dipun gelar Pesta Rakyat Sleman 2016 mapan dhateng Lapangan Denggung Sleman, ingkang dipun sengkuyung dening warga Sleman. Kridha punika ugi ngiras kangge mbiyantu lan suka kalodhangan dhateng para UKM kangge mameraken lampah usahanipun.

 

Pesta Rakyat Sleman kawiwitan saking tanggal 30 Maret -3 April 2016. Salebeting pesta rakyat ugi dipun gelar maneka lomba lan panglipur, kadosta lomba fashion show anak, lomba mewarnai kangge lare, lomba tari kreasi kangge lare, lomba makan gratis, lomba skateboard, seni gandrung lan dipun pungkasi parade band. Kejawi punika ugi wonten ladosan usada lelahanan lan 115 stand kuliner sarta 80 stand multi produk. Pesta Rakyat Sleman ingkang saweg sepisanan dipun gelar, dipun kepyakaken wiwitipun dening Sekretaris Daerah Kabupaten Sleman, Sunartono.

Miturut salah satunggaling panitia, Rio, kridha kasebat boten namung kangge mahargya ambal warsa Kabupaten Sleman nanging ugi kangge suka pambiyantu dhateng UMKM mameraken usahanipun. (Tim Liputan)

 

Artikel Terkait

Pagelaran Ringgit Purwa 2 Dhalang

04 April 2016 19:36

Dharma Shanti Nyepi

04 April 2016 19:35

Bupati Nyemak Lampahing UN

04 April 2016 19:34

6 SMA Gelar UNBK

04 April 2016 19:33