Puluhan Hektar Taneman Pantun Rebah

Admin | Kamis, 25 Februari 2016 19:28

Sragen, www.jogjatv.tv Puluhan hektar taneman pantun ing Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, rebah jalaran katrajang jawah sinartan barat ageng, dinten Senen (22/2) satemah kembeng toya campur lendhut. Kangge ngawekani kathahing kapitunan, taneman pantun nuli dipun panen dene saperangan dipun degaken lan dipun tangsuli supados boten kembeng toya.

Miturut salah satunggaling petani Warga Kecamatan Tanon, Sutini, taneman pantun gadhahanipun ingkang umuripun saweg 2 wulan, rebah jalaran katrajang jawah sinartan barat ageng.

Miturut pandugi, Kabupaten Sragen badhe asring dumados jawah sinartan barat ageng. Bab wau njalari sanak kadang tani ing wewengkon kasebat, rumaos was sumelang. (Heru Kristyanto)

Artikel Terkait

Sosialisasi PMB

25 Februari 2016 19:27

Peken Wirotaman Kutoarjo Sepen

25 Februari 2016 19:24