Sosialisasi PMB

Admin | Kamis, 25 Februari 2016 19:27

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Penerimaan Mahasiswa Baru , Perguruan Tinggi Keagamaan Islam Negeri taun 2016 dipun tindakaken sesarengan ing saindhenging Indonesia. Makaten ugi UIN Sunan Kalijaga Ngayogyakarta.

Rantaman Penerimaan Mahasiswa Baru Program Study jurusan keagamaan kasebat dipun njlentrehaken dening pehak rektorat UIN Sunan Kalijaga salebeting sosilaisasi ingkang dipun estreni dening Kepala SMA ,SMK lan madrasah sa DIY. Sosialisasi ugi dipun rawuhi dening Kementrian Agama dan Disdikpora DIY. Salebeting kalodhangan kasebat, dipun njlentrehaken PMB 2016 badhe dipun bikak wiwit tanggal 9 Maret -30 april 2016. Miturut Wakil Rektor I UIN Sunan Kalijaga, Sutrisno, PMB kapantha dados 2 jalur. Jalur Span Ptkin ingih punika kanthi ngginakaken biji rapor lan prestasi dene Um Ptkin inggih punika lumantar seleksi tertulis. 2 jalur Penerimaan Mahasiswa Baru dipun tindakaken dhateng 55 Perguruan Tinggi Keagamaan Islam Negeri ing saindhenging Indonesia kalebet UIN Sunan Kalijaga Ngayogyakarta.

 

 

(Hari Atamaja)

Artikel Terkait