Peken Wirotaman Kutoarjo Sepen

Admin | Kamis, 25 Februari 2016 19:24

Purworejo, www.jogjatv.tv Los lan kios Peken Wirotaman, Kutoarjo, Purworejo, Jawa Tengah samangke kathah ingkang suwung awit dipun tilar dening para bakul. Kawontenan kasebat jalaran lampah dagang sepen pramila samangke namung sekedhik kadang bakul ingkang sadeyan.

Miturut salah satunggaling kadang bakul, Sukarti sakawit kathah kadang bakul ingkang sadeyan dhateng Peken Wirotaman nanging jalaran anggenipun sadeyan boten pajeng, lajeng milih sadeyan dhateng peken sanes.

Samangke Peken Wirotaman namung regeng ing dinten Kemis lan Minggu awit kangge sadeyan para bakul ayam lan peksi dene para bakul sayuran lan sembako, milih sadeyan dhateng sauruting Jalan Tanjung Anom, ing sacelak Peken Tradisional Kutoarjo awit papanipun mathis.

Eman dene, ngantos samangke Pemkab Purworejo dereng tumemen mranata Peken Tradisional Wirotaman, Kutoarjo . (Pambudi Nugraha)

Artikel Terkait