Pamong Desa Kaajab Boten Ajrih Ngecakaken Dana Desa

Admin | Kamis, 25 Februari 2016 19:23

Bantul, www.jogjatv.tv Wontenipun Undang – Undang Desa nuwuhaken kalih perkawis ingkang beda. Samangke desa gadhah anggaran ingkang cekap kangge nindakaken program pambangunan kosok wangsulipun para pamong desa ingkang wenang ngecakaken anggaran, rumaos ajrih ngecakaken redana kasebat awit kuwatos menawi klentu.

Dipun panggihi ing saksela-selaning kunjungan kerja dhateng Sumberagung, Jetis, Bantul, dinten Rebo (24/2) sonten.

Menteri Desa ,Pembangunan Daerah Tertinggal Dan Transmigrasi , Marwan Djafar ngajab supados para lurah lan pamong desa boten ajrih ngecakaken anggaran dana desa ingkang gunggungipun nggayuh milyaran rupiyah. Sauger jujur lan terwaca , Marwan badhe mbelani menawi ing tembenipun manggihi maneka perkawis nanging menawi culika ugi badhe dipun tandangi kanthi satrepipun. Ngecakaken dana desa yektinipun gampil, laporan pertanggungjawaban cekap 2 lembar dene para pamong saged damel program pambangunan sakathah-kathahipun.

Kajawi punika, Marwan ugi ngajab supados aparat penegak hukum boten ngundhat-undhat para lurah lan pamong ingkang klentu salebeting ngecakaken dana desa.

 

(Anang Zainudin)

Artikel Terkait