Pengetan Ambal Warsa Kemala Bhayangkari

Admin | Kamis, 25 Februari 2016 19:26

Solo, www.jogjatv.tv Pengetan ambal warsa Kemala Bhayangkari ingkang kaping tigang dasa enem, dipun gelar dhateng Markas II Polresta Surakarta. Pengetan ambal warsa organisasi istri polisi samangke, mendhet irah-irahan Gerakan Tertib Lalu Lintas Sejak Usia Dini.

Pengetan ambal warsa Kemala Bhayangkari dipun kepyakaken dening Kapolresta Surakarta, Komisaris Besar Polisi Ahmad Luthfi, kanthi ngumbulaken balon, ing satengah-tengahing atusan siswa TK Kemala Bhayangkari. Salebeting kalodhangan kasebat, para siswa tumut maneka kridha ingkang dipun gelar antawisipun lomba mewarnai lan bimbingan tertib lalu lintas.

Pengetan ambal warsa Kemala Bhayangkari ugi dipun regengaken dening Tim Poltas Sriti Satlantas Surakarta, ingkang ngadani senam kanthi gerakan 12 pengaturan lalu lintas sarta regu polisi cilik saking salah satunggaling SD ing Surakarta.

 

Jumbuh kurikulum 2014, Korlantas Mabes Polri sampun nyawisaken materi pelajaran tertib berlalu lintas ingkang badhe dipun wucalaken dhateng siswa tataran sekolah dasar ngantos sekolah menengah salebeting mata pelajaran Pendidikan Kewarga Negaraan. Tertib berlalu lintas wigati dipun gegulang wiwit lare taksih alit supados kulina disiplin.(Sazadi Abdilah)

Artikel Terkait