Para Mudha Supados Samekta Ngadhepi MEA

Admin | Senin, 07 Desember 2015 19:46

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Lampahing Masyarakat Ekonomi Asean (MEA), betah cecawisan saking maneka pehak, kalebet para mudha.

Sapro sekawan penduduk Indonesia inggih generasi usia produktif, umur 16 ngantos 30 taun, kaangkah saged dipun dayakaken dhateng sedaya sektor pambangunan. Boten namung dados objek kemawon, generasi muda ugi kaajab dados motor penggerak bab penggalihan sarta wohing pakaryan.

Ing sak sela-selaning Gelar budaya pemuda nusantara Asisten Departemen Penghargaan, Pengembangan Dan Promosi Kementrian Pemuda Dan Olahraga, Chandra Bakti ngandharaken boten namung sektor ekonomi, lampahing MEA ugi gadhah pangaribawa tumrap kabudayan. Jasa , kesenian, budaya sarta maneka produk lan pangaribawa awon saking ngamanca, mlebet dhateng Indonesia.

Gelar Budaya Pemuda Nusantara samangke, kaajab dados wadah kangge ndayakaken kreatifitas para muda salebeting ngrembakaken seni lan budaya.

Kajawi Gita Angkasa Choir, Gelar Budaya Pemuda Nusantara taun samangke ugi dipun regengaken beksan Gambyong, tari Liko Pulo saking Aceh sarta maneka kridha seni sanesipun. ( Fauzan Ahmad )

Artikel Terkait

Panyadening Pernak Pernik Natal Laris

07 Desember 2015 19:45

Mensos Ngedum Rastra

07 Desember 2015 19:43

Distribusi Logistik Pilkada

07 Desember 2015 19:41