Dzikir Lan Sholawatan Amrih Pilkada Damai

Admin | Senin, 07 Desember 2015 19:42

Klaten, www.jogjatv.tv Maneka kupiya, dipun lampahi, kangge mujudi pilkada damai , antawisipun kanthi dzikir lan sholawatan.

Dipun pandegani dening Kyai Habib Syech , ewonan Umat Islam ing Klaten Jawa Tengah , dzikir lan sholawatan , mapan ing pelataran Mapolres Klaten. Dzikir lan sholawat sengaja dipun tindakaken kangge nyipta kawontenan ingkang tentrem dungkap pilkada serentak tanggal 9 Desember . Saking tetiga pasangan calon bupati lan wakil bupati ingkang majeng pilkada benjing , namung 3 perwakilan calon ingkang rawuh inggih paslon nomor urut 2 , One Krisnata lan Sunarto sarta calon wakil bupati, paslon nomor urut 3 ,Sri Mulyani inggih garwa bupati lami Sunarno. Dene pasangan nomor urut 1 , Fauzan Sri Harmanto boten rawuh. Salebeting pengaosan, Habib Syech ngajak sedaya calon , simpatisan sarta masyarakat njagi katentreman, salebeting pilkada. ( Haryadi )

Artikel Terkait