Taneman Pantun Katerak Inser Lan Uler

Admin | Jumat, 04 Desember 2015 18:39

Klaten, www.jogjatv.tv Taneman pantun gadhahan kadang tani ing Desa Ngrundul , Kecamatan Kebonarum , Klaten, Jawa Tengah katerak inser lan uler. Kawontenan kasebat njalari taneman pantun garing kepara pejah. Miturut salah satunggaling kadang tani, Suripto , taneman pantun gadhahanipun ingkang umuripun saweg sewulan sampun seminggu katerak inser. Kajawi katerak inser, ron taneman pantun ugi katerak uler satemah boten saged tuwuh ngrembaka. Sinaosa maneka kupiya sampun dipun lampahi, kangge mbrastha ama nanging panerakipun dereng mendha.

Sanak kadang tani ngajab, wontenipun kawigatosan saking dinas ingkang kawogan kangge mbrastha ama supados boten nemahi gagal panen.

 

(Haryadi)

Artikel Terkait

Warga Tuntut Pilkada Damai

04 Desember 2015 18:31

Polri Akan Luncurkan SIM Online

04 Desember 2015 18:29