Distribusi Logistik Pilkada

Admin | Senin, 07 Desember 2015 19:41

Sleman, www.jogjatv.tv Maneka logistik pilkada ing Sleman, dinten Senen (7/12) siyang wiwit dipun kintunaken dhateng sedaya desa sa Kabupaten Sleman.

Distribusi logistik pemilihan bupati dan wakil bupati Sleman, kapantha dados kalih rambahan, rambahan kapisan distribusi dhateng desa saking 11 kecamatan tlatah Sleman timur, dipun kepyakaken dening Penjabat Bupati Sleman Gatot Saptadi dene distribusi rambahan kaping 2, dipun tindakaken tanggal 8 Desember dhateng 6 kecamatan tlatah Sleman barat. Supados boten kenging jawah, logistik pilkada dipun momot ngginakaken mobil box dene kangge ngawekani bab-bab ingkang boten dipun pikajengi, distribusi logistik pilkada dipun jagi dening polisi.

Miturut anggota KPU Sleman, Aswino, distribusi logistik pilkada Sleman , namung dipun kintunaken dhateng desa salajengipun dipun kintunaken dhateng TPS , tanggal 8 Desember Dhateng TPS logistik dipun jagi dening petugas linmas lan warganing polri. ( Subardi )

Artikel Terkait