Panyadening Pernak Pernik Natal Laris

Admin | Senin, 07 Desember 2015 19:45

klaten, www.jogjatv.tv Tigang minggu dungkap Natal sawetawis toko lan teleng papan blanja aksesoris Natal, tlatah Klaten wiwit regeng dening Umat Kristiani, ingkang blanja pernak -pernik Natal.

Miturut satunggaling karyawan salah satunggaling toko aksesoris Natal ingkang dumunung ing Jalan Diponegoro Klaten, Yakop, wiwit wulan Oktober sampun ngladosi welingan pernak-pernik Natal dene pucakipun wulan Desember. Umat Kristiani racak tumbas pohon natal sarta aksesoris natal antawisipun patung natal, perlengkapan misa lan lilin. Welingan pernak-pernik natal dhateng saking tlatah Indonesia timur antawisipun NTT, Flores sarta Kalimantan lan Medan. ( Purwanto )

Artikel Terkait

Mensos Ngedum Rastra

07 Desember 2015 19:43

Distribusi Logistik Pilkada

07 Desember 2015 19:41