Mensos Ngedum Rastra

Admin | Senin, 07 Desember 2015 19:43

Karanganyar, www.jogjatv.tv Menteri Sosial, Khofifah Indar Parawansa , masrahaken Rastra, dhateng Warga Desa Bolon Kecamatan Colomadu , Kabupaten Karangannyar , Jawa Tengah. Saderengipun masrahaken uwos, Mensos biwarakaken gantosing progam Beras Rumah Tangga Miskin (Raskin) dados Beras Untuk Keluarga Sejahtera utawi Rastra.

Pangeduming Rastra inggih rerangken kunjungan kerja Menteri Sosial dhateng Kabupaten Boyolali , Jawa Tengah, kawiwitan kanthi nindakaken sosialisasi Rastra.

Pangeduming Rastra wulan punika, dipun rapel kaliyan rastra ke-13 pramila saben Rumah Tangga Sasaran nampi uwos 30 kilogram kanthi pengaos Rp1.600 saben kilo. ( Heru Kristyanto )

 

 

 

Artikel Terkait

Distribusi Logistik Pilkada

07 Desember 2015 19:41

Taneman Pantun Katerak Inser Lan Uler

04 Desember 2015 18:39