Lomba Peragaan Busana Jawa

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:25

Bantul, www.jogjatv.tv Minangka Daerah Istimewa, sampun samesthinipun nengenaken lampah utama. Boten namung ing babagan hukum kemawon nanging ugi salebeting ngleluri kagunan budaya adiluhung ingkang dados ciri mathi Daerah Istimewa Yogyakarta.

64 siswa SMA, SMK lan MA ing tlatah Bantul tumut lomba peragaan busana adat jawa gagrag ngayogyakarta ing Aula Pemda II Kabupaten Bantul.

Miturut Kepala Bidang Pendidikan Menengah Atas, Disdikmenof Bantul, Suherman, lomba ajeg dipun gelar saben semester. Awit kridha samangke ngleresi Wulan April, pramila lomba kasebat ngiras kangge mengeti Hari Kartini. Saderengipun para pasarta tumut seleksi tertulis, magepokan Nilai – Nilai Pancasila, kabudayan lan integritas bab pendidikan ingkang dipun gegulang.

Pasarta ingkang sasab lomba badhe nampi bebana tropi bergilir saking Gubernur DIY, lan dados duta budaya pelajar SMA SMK lan MA . (Anang Zainuddin)

Artikel Terkait

Pengetan Hari Kartini

22 April 2016 15:24

Puskeswan kartinian

22 April 2016 15:22

Tari Putri Indonesia

22 April 2016 15:21