Puskeswan kartinian

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:22

Klaten, www.jogjatv.tv Mahargya hari kartini, para petugas kesehatan hewan lan karyawan ing peken rajakaya prambanan klaten jawa tengah ngangge busana adat jawa jangkep. Bab punika tetela narik kawigatosan, awit beda kaliyan padatanipun.

Margito salah satunggaling petugas kesehatan hewan ing peken rajakaya prambanan klaten punika narik kawigatosanipun para blantik lan warga sanesipun, awit nalika ngayahi pakaryanipun ngangge busana adat jawa jangkep. Margito katingal sengguh ngangge busana adat, lan tetep prigel ngayahi pakaryanipun. Kejawi petugas kesehatan, para karyawan administrasi ugi ngangge busana adat jawa jangkep anggenipun ngladosi para blantik lembu. Kepara, para juru parkir ing peken rajakaya punika ugi ngangge busana adat.

Margito mratelakaken, anggenipun sami ngangge busana adat punika inggih kangge mengeti hari kartini ngiras kangge memetri busana adat jawa. ( Purwanto )

Artikel Terkait