Wisata Religi,Makam Sunan Pandanaran

Admin | Rabu, 20 April 2016 19:22

Klaten, www.jogjatv.tv Sunan Pandan Aran utawi Sunan Tembayat, inggih salah satunggaling Walisongo, saking Demak, Jawa Tengah. Sunan Pandan Aran dipun pethak ing Desa Paseban, Bayat, Klaten, Jawa Tengah lan ngantos samangke pasareyan kasebat tansah dados jujugan wisata religi, tumrap para peziarah. Pasareyan Sunan Padan Aran ngemot aos sejarah pangrembakaning Agama Islam ing Tanah Jawa. Boten namung para pelajar para pejabat tinggi pemerintahan antawsipun gubernur, walikota lan bupati, ugi asring ziarah dhateng pasareyan Sunan Padan Aran. Minangka rerangken pengetan ambal warsa kaping 469 Kota Semarang, Walikota Semarang, Hendrar Prihadi, ziarah dhateng pasareyan Sunan Padan Aran kangge ngenget-enget labuh labet Sunan Pandan Aran, Bupati Semarang ingkang kapisan.

 

(Purwanto)

Artikel Terkait