Pengetan Hari Kartini Satataning Budaya Jawa

Admin | Rabu, 20 April 2016 19:20

Bantul, www.jogjatv.tv Maneka kridha dipun gelar kangge mengeti Hari Kartini, antawisipun kanthi ngajak siswa ngangge busana tradisional. Emanipun, siswa prasasat dereng saged nulad perjuwangan Raden Ajeng Kartini. Awit saking punika betah maneka kupiya, supados para mudha greget nglajengaken perjuwangan Kartini.

Pengetan Hari Kartini, ing SMA Negeri 2 Banguntapan, dinten Rebo (20/4) siyang , dipun regengaken maneka kridha, kapurwakan upacara satataning budaya jawa, kanthi inspektur upacara, Kepala Dinas Pendidikan Menengah dan Nonformal , Masharun Ghazali.

Sasampunipun upacara dipun adani maneka lomba, antawisipun lomba ngrengga tumpe, lomba geguritan irah-irahan perjuangan kartini sarta lomba ngadi busana.

Kepala SMAN 2 Banguntapan , Ngadiya mratelakaken, pengetan Hari Kartini sengaja dipun gelar kanthi satataning budaya jawa supados siswa lan guru, handarbeni kagunan budaya jawa lan tansah nengenaken unggah-ungguh sarta tata krama salebeting gesang padintenan. (Anang Zainuddin)

Artikel Terkait