Menpan Rawuh Dhateng Gunungkidul

Admin | Rabu, 20 April 2016 19:18

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi rawuh dhateng Kabupaten Gunungkidul, kangge nyemak lampahing program ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Kabupaten Gunungkidul ingkang mlebet katergori pelayanan terbaik 99 , kanthi damel innovasi layanan publik. Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi, Yuddy Chrisnandi, dinten Selasa (19/4) siyang rawuh dhateng Kantor Pusat Layanan Konsultasi Publik ing Kecamatan Playen, RSUD Wonosari, Kantor Samsat lan SMK 3 Wonosari, sekolah ingkang kasembadan damel inovasi One Stop Service Trendsetter, wujud kawigatosan rumaja babagan kesehatan reproduksi. SMK 3 Wonosari nyawisaken kabetahan tumrap siswa ingkang saweg nggarap sari, kanthi regi ingkang murwat.

Menpan Reformasi Birokrasi, Yuddy Chrisnandi ngajab gagasan siswa SMK 3 Wonosari sageda dados conto tumrap sekolah sanes dene kepala SMK 3 Wonosari Susianti mratelakaken, inovasi kasebat inggih gagasan siswa piyambak dene pehak sekolah namung nyengkuyung gagasan wau. (Anjar Ardityo)

Artikel Terkait