Pembekalan Tumrap Calon Purna Tugas

Admin | Rabu, 20 April 2016 19:19

Sleman, www.jogjatv.tv Sudanipun pamedal Pegawai Negeri Sipil (PNS ) sasampunipun pensiun, asring njalari PNS rumaos was sumelang nalika dungkap masa pensiun utawi purna tugas. Kangge ngawekani bab kasebat, Pemkab Sleman paring pembakalan mental lan gladhen kewirausahaan tumrap para PNS ingkang badhe pensiun, supados boten nglokro.

Miturut data Kantor Badan Kepegawaian Daerah Kabupaten Sleman, PNS Sleman ingkang badhe pensiun wulan Januari 2017 ngantos 2018 cacahipun 531 pegawai. Awit saking punika, Badan Kepegawaian Daerah Kabupaten Sleman paring pembekalan wiwit tanggal 19 April ngantos 25 Mei benjing. Materi pelatihan antawisipun proses mengurus hak pensiunan, cara menjaga kesehatan masa lansia sarta gladhen kewirausahaan. Kanthi pembekalan , para calon purna tugas PNS Kabupaten Sleman ing tembe boten kangelan jangkepi persyaratan administrasi pensiunan, boten nglokro, saged njagi kasarasan lan dados wirausaha mandiri.

 

(Subardi)

Artikel Terkait