Tari Putri Indonesia

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:21

Solo, www.jogjatv.tv Pahargyan Hari Kartini ing Balekota Surakarta dipun regengaken pagelaran Tari Putri Indonesia saking Sanggar PesonaNusantara. miwiti rerangkening upacara pengetan Hari Kartini ing Balekota Surakarta ingkang dipun estreni dening para Pegawai Negeri Pemkot Surakarta. Tari ingkang paraganipun 20 penari punika, nggambaraken para wanita ingkang kedah wiyar wawasanipun satemah saged ngadhepi majenging jaman.

Miturut saklah satunggaling penari,Sri Utami Ariyanti,Tari Putri Indonesia inggih kangge ngregengaken pengetan Hari Kartini ingkang boten namung wujud upacara kemawon nanging ugi nuwuhaken gagasan

Upacara pengetan Hari Kartini punika dipun ayahi dening para petugas wanita dene inspektur upacara inggih Kepala Dinas Pertanian Surakarta, Wenny Ekayanti. ( Sazadi Abdillah)

Artikel Terkait