Pengetan Hari Kartini

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:24

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Kangge mengeti Hari Kartini samangke siswa Taman Kanak-Kanak Santa Theresia, Wonosari, Gunungkidul, tumut Lomba Merias Ibu. Lomba lumampah gayeng awit para siswa racakipun kangelan dandani ibunipun.

Miturut salah satunggaling wali murid, lomba kasebat dados kalodhangan kangge ndunungaken lare supados ngurmati tiyang sepuhipun.

.

Lomba Miru Pengetan Hari Kartini

Klaten www.jogjatv.tv Kangge ngregengaken pengetan Hari Kartini SMP N 2 Karangnongko Klaten Jawa Tengah, ngadani lomba miru sinjang, ancasipun kangge njurung raos tresna siswa dhateng budaya adiluhung tilaranipun leluhur. Miturut Salah satunggaling pamupu lomba, Selvina kangelan miru sinjang. Sinaosa makaten lomba kasebat dados kalodhangan kangge ngulinakaken siswa supados saged miru sinjang piyambak nalika sawanci-wanci badhe ngangge busana adat jawa.

Miturut Kepala SMP N 2 Karangnongko , Sundar, lomba miru mengku ancas kangge nanemaken raos tresna siswa dhateng budaya warisan nenek moyanginggih punika busana adat awit sok sintena ingkang ngangge busana adat nedahaken alusing budi.

Menggahing siswa Kartini dados tepa palupi salebeting pendidikan, ketekunan, keuletan sarta perjuwananipun mujudi emansipasi wanita. (Anjar Ardityo + Haryadi)

 

 

Artikel Terkait

Puskeswan kartinian

22 April 2016 15:22

Tari Putri Indonesia

22 April 2016 15:21