Pengetan Hari Kartini Siswa Pereng Merapi

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:23

Klaten, www.jogjatv.tv Atusan siswa ing pereng Redi Merapi nindakaken maneka kridha kangge mengeti Hari Kartini kanthi suwasana jawa. SMP N 2 Kemalang, Klaten dinten Kemis (21/4) enjing nggelar maneka kridha kangge mengeti hari kartini. Sekolah ingkang dumunung ing pereng Redi Merapi kasebat mengeti Hari Kartini kanthi upacara ingkang paraga petugasipun sedaya inggih wanita lan aba-abanipun mawi basa jawa. Sedaya siswa lan guru karyawan ngangge busana adat jawa jangkep. Miturut Kepala SMP N 2 Kemalang Klaten, Sumaryana, lampahing upacara sengaja mawi basa jawa inggih kangge ngulinakaken siswa basa jawa. Sumaryono ngajak dhateng sedaya para siswa, guru, karyawan sarta masyarakat supados nglajengaken perjuwanganipun RA. Kartini, laras kaliyan keahlian, profesi, sarta kasagedanipun.

Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun gelar lomba keluwesan lan masak kanthi bahan baku tela. Bab punika dipun tindakaken awit tlatah Kemalang inggih salah satunggal papan produsen tela ingkang saged dipun ocal dados tetedhan alternatif. (Sri Haryadi)

Artikel Terkait

Puskeswan kartinian

22 April 2016 15:22

Tari Putri Indonesia

22 April 2016 15:21