Ladosan Ing Polres Kanthi Swasana Jawa

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:26

Sleman, www.jogjatv.tv Ngleresi pengetan Hari Kartini, dinten Kemis (21/4) enjing, ladosan masyarakat ing Polres Sleman dipun tindakaken kanthi swasana jawa. Para petugas mliginipun polwan ingkang tugas ing unit layanan Surat Izin Mengemudi, unit layanan BPKB sarta layanan Surat Keterangan Catatan Kepolisian Polres Sleman, ngangge busana adat jawa lan wicantenan mawi basa jawa.

Miturut Bintara Urusan Surat Tanda Nomor Kendaraan Samsat Sleman, Aiptu Titik Sulistyowati, ancasipun ngginakaken busana adat jawa salebeting pengetan Hari Kartini samangke kangge ngenget-enget labuh labet pejuwang emansipasi wanita, Raden Ajeng Kartini ngiras kangge memetri kagunan budaya adiluhung.

 

Miturut Aiptu Titik Sulistyowati, ngangge busana adat nalika makarya tetela boten ribet kepara saya sengguh salebeting suka ladosan dhateng masyarakat lan saged dados pamecut tumrap masyarakat supados nresnani busana adat. (Subardi)

Artikel Terkait

Lomba Peragaan Busana Jawa

22 April 2016 15:25

Pengetan Hari Kartini

22 April 2016 15:24

Puskeswan kartinian

22 April 2016 15:22