Kethoprak Tentara

Admin | Jumat, 22 April 2016 15:27

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kanthi ancas kangge sosialisasi wawasan kebangsaan tumrap warganing TNI lan masyarakat, Korem 072 Pamungkas Yogyakarta badhe ngadani pagelaran kethoprak. Kangge cecawisan,warganing TNI Korem 072 Pamungkas gladhen kethoprak sesarengan kaliyan para seniman kethoprak saking Ngayogyakarta. Kethoprak kanthi lampahan Topeng Ireng kasebat nyariyosaken perjuwangan Pangeran Diponegoro, ingkang garapanipun dipun larasaken kaliyan perkawis sosial lan budaya ing madyaning masyarakat, jaman samangke. Elokipun, paraga kethoprak inggih warganing TNI saking sajawining Pulo Jawa sarta mahasiswa saking Papua ingkang saweg ngangsu kawruh ing Ngayogyakarta. Miturut Danrem 072 Pamungkas Yogyakarta, Brigjen TNI, Stephanus Tri Mulyono, kejawi kangge ngleluri kagunan seni budaya, kethoprak tentara dados kalodhangan kangge biwarakaken wawasan kebangsaan, amrih santosaning kitha Ngayogyakarta minangka City Of Tolerance.

 

Sinaosa saweg sepisanan manggung sesarengan warganing TNI, nanging salah satunggaling seniman kethoprak saking Ngayogyakarta, Dalijo mratelakaken remen.

 

Miturut rantaman pagelaran kethoprak tentara kanthi sutradara Nano Asmorodono punika, badhe dipun gelar tanggal 20 Mei benjing ngleresi pengetan Hari Kebangkitan Nasional. (Fauzan Ahmad)

Artikel Terkait

Lomba Peragaan Busana Jawa

22 April 2016 15:25

Pengetan Hari Kartini

22 April 2016 15:24