Tenaga Kesejahteraan Sosial Supados Profesional

Admin | Senin, 11 April 2016 19:57

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Ngantos samangke, tenaga kesejahteraan sosial ingkang makarya dhateng sawetawis panti sosial, racakipun dereng pana, bab ladosan ing panti pramila namung gumantung pakulinan.

Badan Koordinasi Kegiatan Kesejahteraan Sosial (BK3S DIY) ngadani pelatihan tenaga kesejahteraan sosial , sadanguning 3 wulan, kangge suka seserepan teori lan praktek ingkang baku salebeting ladosan ing panti sosial ingkang ngantos samangke kawawas kirang trep .

Samangke, tenaga kesejahteraan sosial ingkang profesional nembe 5 persen awit sanesipun dereng nate nggegulang ngelmi ingkang baku. Pelatihan tumrap tenaga kesejahteraan sosial, gagasan BK3S DIY punika, saweg sepisanan dipun adani ing Indonesia, cundhuk kaliyan Undang – Undang Kesejahteraan Sosial No. 11 tahun 2009 bab pekerja keseahteraan sosial yang profesional.

 

(Heri Susato)

Artikel Terkait

Pelatihan Relawan ACT

11 April 2016 19:56

Lomba Burung Berkicau Bupati Cup

11 April 2016 19:55

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

11 April 2016 19:54

Demo Masak Ala Chef Jojo

11 April 2016 19:53