Pelatihan Relawan ACT

Admin | Senin, 11 April 2016 19:56

Kulonprogo, www.jogjatv.tv Satus skeet relawan relawan Aksi Cepat Tanggap (ACT) tumut pe latihan rescue ing Waduk Sermo Kokap, Kulonprogo, dinten Minggu (10/4) enjing. Para relawan dipun gladhi dening petugas Basarnas DIY aranipun milujenagken korban kabesmen lan kacilakan laut. Ancasipun supados para relawan supados mumpuni salebeting suka pitulungan nalika sawanci-wanci tumempuh musibah alam. Pelatihan dipun gelar 2 dinten, dipun estreni dening para relawan saking sawetawis wewengkon Indonesia antawisipun Aceh Surabaya Lan Bandung. Salajengipun komunitas relawan ACT badhe dipun kerigaken dhateng papan-papan ingkang mutawatiri tumempuh musibah alam.

Miturut Salah satunggaling relawan ACT saking Jombang,Jawa Timur, Diah Ayu,pelatihan wigati dipun lampahi amrih gadhah kaprigelan salebeting suka pitulungan dhateng korban musibah alam.

 

(Muhammad Sugeng)

 

Artikel Terkait

Lomba Burung Berkicau Bupati Cup

11 April 2016 19:55

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

11 April 2016 19:54

Demo Masak Ala Chef Jojo

11 April 2016 19:53

Batik Jumput Sanggar Maharani

11 April 2016 19:52