Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

Admin | Senin, 11 April 2016 19:54

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti ngajak masyarakat nedhi ulam seganten, salebeting Kampanye Gemar Makan Ikan Laut, mapan ing sangajeng air mancur kantor walikota, Komplek Balaikota Yogyakarta, dinten Senen (11/4) enjing. Ancasipun supados masyarakat remen nedhi ulam mliginipun ulam seganten, awit ngantos samangke tingkant konsumsi ulam seganten taksih andhap tinimbang ulam loh. Konsumsi ikan air tawar masyarakat DIY 75 ewu ton saben taun dene konsumsi ikan laut namung 5 ewu ton saben taun, kamangka ulam seganten reginipun mirah lan kathah ngandhut gizi.

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut samangke dipun sengkuyung dening lembaga pendidikan lan hotel ing Ngayogyakarta kanthi nyawisaken tetedhan ingkang bahan bakunipun ulam seganten .

 

(Hari Atmaja)

Artikel Terkait