Batik Jumput Sanggar Maharani

Admin | Senin, 11 April 2016 19:52

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kajawi kaendahan bathik klasik Ngayogyakarta, ingkang damel kasengsemipun para sutresna tren busana, warni padang saking batik jumput ugi dados saya tarik mirunggan tumrap masyarakat. Sanggar Maharani inggih salah satunggaling sanggar , prodhusen batik jumput khas Ngayogyakarta.

Dumunung ing teleng Kota Yogyakarta, Kampung Celeban, Kelurahan Tahunan, Sanggar Jumputan Maharani saged damel puluhan ngantos atusan bathik jumput saben dintenipun. Kanthi dipun galdhi dening Pemerintah Kelurahan Tahunan ingkang sampun dipun kukuhaken minangka Kampung Wisata, Sanggar Jumputan Maharani tansah ndayakaken kasagetan para perajin. Perajin bathik jumput Sanggar Maharani inggih para ibu rumah tangga ingkang dipun dayakaken supados saged nambah pamedal kulawarga, ingkang wekdal lan epahipun, dipun pendhet, miturut pepinginan perajin piyambak.

Samangke batik jumput saweg monjo ing madyaning masyarakat. Motif ingkang nyleneh lan warninipun ingkang padhang, sabotenipun trep kaliyan kawontenan jaman modern samangke. Kajawi punika, sinaosa mratah bathik jumput ing wewengkon sanes nanging batik jumput saking Ngayogyakarta gadhah ciri mathi mirunggan, inggih punika, katingal semburat awit daya sunar surya. Supados awet, anggenipun mepe, prayogi boten dipun klanthang utawi kenging sunar surya langsung.

 

(Rina Shanty + Riski Kurniawan)

Artikel Terkait