Lomba Burung Berkicau Bupati Cup

Admin | Senin, 11 April 2016 19:55

Sleman, www.jogjatv.tv Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa sak abad Kabupaten Sleman , tanggal 15 Mei benjing, Pemkab Sleman tembayatan kaliyan Klub Penggemar Burung Pendopo Single Fighter Kabupaten Sleman, nggelar Lomba Burung Berkicau Bupati Cup Sleman ing Lapangan Bera, dinten Minggu (10/4). Lomba dipun estreni dening sutersna peksi sak Pulo Jawa dene peksi ingkang kangge lomba, cacahipun sewu.

Lampahing lomba kapurwakan srah pananmpi tropy Bupati Sleman dening ketua panitia pengetan ambal warsa Kabupaten Sleman, Sukarno, dhateng penanggung jawab lomba Mustofa. Lomba kapantha dados 4 kelas, Semar, Gareng, Petruk lan Bagong dene peksi ingkang kangge lomba, inggih Murai Batu, Kacer, Lovebird, Kenari, Cucak Ijo, Cendet, Ciblek, Pleci lan Cucak Jenggot.

Salebeting kalodhangan kasebat, ketua panitia pengetan ambal warsa Kabupaten Sleman, Sukarno, ngengetaken supados warga boten bebedak peksi langka.

 

(Subardi)

Artikel Terkait

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

11 April 2016 19:54

Demo Masak Ala Chef Jojo

11 April 2016 19:53

Batik Jumput Sanggar Maharani

11 April 2016 19:52