Tari Mantra Payung Badhe Ngregengaken Festival Payung Ing Thailand

Admin | Kamis, 07 Januari 2016 19:33

Solo, www.jogjatv.tv Festival Payung Indonesia gadhah gagasan badhe tembayatan nggelar festival bersaudara kaliyan Thailand. Kangge miwiti patembayatan kasebat, seniman saking Solo badhe tumut ngregengaken Festival Paying Bo Sang ing Thailand tanggal 15 ngangtos 17 Januari 2016 benjing.

Festival Payung Bo Sang inggih festival payung ingkang dipun gelar ing Desa Bo Sang , Provinsi Chiang Mai, Thailand. Salebeting festival payung kasebat seniman saking Solo badhe mitontonaken maneka kreasi payung antawisipun penari Bambang Besur badhe beksa Tari Mantra Payungdene pelukis ringgit beber, Dani Iswardana badhe nglukis payung motif relief Candhi Sukuh lan aksara jawa.

Miturut Direktur Progam Festival Payung Indonesia, Heru Mataya, gadhah gagasan tembayatan kaliyan Chiang Mai Culural Center awit provinsi kasebat sampun nggelar festival payung kaping 33dene Bo Sang mujudaken teleng produsen payung ingkang majeng.

( Heru Kristiyanto )

Artikel Terkait

Regi Duren Anjlog

07 Januari 2016 19:32

Murtajiyah Kangen Bapakipun

07 Januari 2016 19:29