Regi Duren Anjlog

Admin | Kamis, 07 Januari 2016 19:32

Purworejo, www.jogjatv.tv Bakul duren ing Jalan Ahmad Yani Purworejo Jawa Tengah, kapitunan jalaran samangke regi duren mandhap. Nalika wulan November ngantos Desember 2015 , regi duren awis. Duren ingkang ageng reginipun Rp 90.000,00 samangke mandhap dados Rp 35.000,00- lan ingkang alit reginipun Rp 10.000,00.

Miturut salah satunggaling bakul duren, Markonah samangke regi duren anjlog, jalaran ngleresi mangsa panen. Kajawi punika sasampunipun kenging jawah duren kirang miraos.

Bab sami ugi dipun telakaken dening Jaimah , bakul duren saking Loano. Miturut Jaimah, regi duren anjlog jalaran kathahing pasudyan.

(Pambudi Nugraha )

Artikel Terkait

Murtajiyah Kangen Bapakipun

07 Januari 2016 19:29

Penobatan KGPAA Paku Alam X

07 Januari 2016 19:24