Murtajiyah Kangen Bapakipun

Admin | Kamis, 07 Januari 2016 19:29

Magelang, www.jogjatv.tv Wiwit lair ngantos samangke, Murtajiyah dereng nate pinanggih bapakipun, awit bebara dhateng Riau. Murtajiyah lan ibunipun, Solihatun mapan dhateng griya prasaja, ing Dhusun Semali, Desa Salam Kanci, Kecamatan Bandongan, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Murtajiyah kedah nampi pacoban ingkang awrat, awit Samsul Bahri, bapakipun sampun tilar donya pramila pepinginan kangge pinanggih bapakipun cabar. Miturut solihatun, sasampun emah-emah taun 1988, Samsul dipun tampi makarya dhateng satunggaling perusahaan ing Riau. Rikala semanten Samsul ngajak Solihatun bebara, nanging Solihatun boten saged tumut awit kedah ngupakawis ibunipun ingksang sampun sepuh. Sadangunipun bebara, Samsul boten nate wangsul dhateng Magelang lan namung ngintun serat kemawon. Setaun kapengker, Solihatun nampi pawartos menawi semahipun tilar donya. Ngantos samangke Solihatun dereng mangertos dhateng pundi pasareyan semahipun awit boten gadhah wragat kangge madosi pasareyan Samsul Bahri, ing Riau.

Wondene murtajiyah rumaos kangen sanget dhateng bapakipun awit wiwit lair ngantos samangke dereng nate pinanggih. Kangge nglipur manahipun Murtajiyah namung ningali foto bapaikipun dhateng buku nikah kepara jalaran tansah kemutan bapakipun,badanipun dados kuru lan asring sakit.

Murtajiyah ngajab nbantuwan saking maneka pehak, supados saged madosi pasareyan bapakipun, ing Riau.

( Yuki Pramudya )

Artikel Terkait