Jumenengan PA X, Toko Sekar Kelarisan

Admin | Kamis, 07 Januari 2016 19:30

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Upacara jumenengan dalem Pakualam kaping sedasa, ingkang dipun tindakaken dening Pura Pakualaman, dados berkah tumrap toko sekar ing Jalan Ahmad Jazuli , Kota Baru, Kota Yogyakarta. para pengusaha toko sekar kathah nampi welingan buket sekar, saking warga punapa bebadan kangge mangayubagya jumeneng dalem Paku Alam X.

Karyawan salah satunggaling toko sekar ing Jalan Ahmad Jazuli Kota Baru Kota Yogyakarta, dinten Kemis (7/1)enjing taksih katingal ngrakit buket sekar kangge mangayubagya jumenengan dalem Paku Alam Kaping X. Toko sekar ing Jalan Ahmad Jazuli racakipun sampun nyawisaken pasudiyan bahan baku kangge nyekapi welingan kathahing welingan.

( Hari Atmaja )

Artikel Terkait