Sendratari Kidung Karma Wibangga

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:29

Magelang, www.jogjatv.tv Kanthi methik cariyos katresnan ing Bumi Shambara Budara, ingkang sinerat ing relief Candi Borobudur lantai satunggal, dipun gelar sendratari Kidung Karma Wibangga kangge miwiwti gumelaring upacara Ruwat Rawat Borobudur dinten Senen (18/4) siyang. Sendra tari dipun sengkuyung tigang atus penari saking sakiwa tengen Candhi Borobudur .

Sendra tari dipun gelar dhateng Taman Lumbini, kompleks Taman Wisata Candi Borobudur ancasipun kangge nepangaken kaskaya wisata budaya dhateng masyarakat.

Miturut panitia Ruwat Rawat Borobudur, Sucoro kridha kasebat dados kalodhangan kangge manunggalaken maneka pepinginan amrih majenging wisata budaya.

Upacara Ruwat Rawat Borobudur kaping 13 samangke dipun gelar ngantos tanggal 1 Juni benjing kanthi dipun regengaken manke akridha antawisipun pentas kesenian rakyat, sarasehan budaya, seminar pariwisata, jelajah pusaka, loka karya seni budaya, upacara adat, festival kesenian rakyat sarta kirab budaya. (Yuki Pramudya)

Artikel Terkait