Dispertahut Paring Bantuwan Traktor Dhateng Kelompok Tani

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:25

Bantul, www.jogjatv.tv Kangge biyantu nggindakaken produktivitas hasil pertanian, Dinas Pertanian dan Kehutanan Kabupaten Bantul, paring bantuwan alat pertanian dhateng kelompok tani. Dinten Selasa (19/4) siyang 35 traktor tangan bantuwan saking Kemertian Pertanian kasebat, dipun pasrahaken dhateng wakil kelompok tani. Ngantos samangke, petani ing Bantul ngginakaken traktor tangan sewan, kanthi tarip sewan, sayuta tigang atus ewu rupiyah saben hektar. Wontenipun bantuwan traktor kasebat badhe nyuda wragat sewan pramila petani kantun tumbas solar lan ngupakawis piranti.

Plt Kepala Dipsertahut Bantul, Heny Purwanto mratelakaken, bantuwan traktor dipun pasrahaken dhateng 35 kelompok tani ingkang sampun kedaftar ing Dinas Pertanian dan Kehutanan Bantul. Candhakipun, Dispertahut badhe paring bantuwan alat pertanian dhateng kelompok tani sanes ingkang samangke dereng nampi bantuwan.(Anang Zainuddin)

 

Artikel Terkait

Akte Kelairan 2 Bahasa

19 April 2016 19:24

Reboisasi Bantaran Bogowonto

18 April 2016 19:18