Ambal Warsa Persit Lan Dharma Pertiwi

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:24

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Persatuan Istri Prajurit (Persit ) korem nol tujuh dua Pamungkas, dinten Senen (18/4) enjing, mengeti ambal warsa kaping 70 Persit lan kaping 52 Dharma Pertiwi.mapan ing Balai Pamungkas Yogyakarta. Kridha kasebat dipun estreni dening para garwa prajurit wilayah korem 072 Pamungkas, dipun rawuhi dening Danrem 072 pamungkas Brigjen Stephanus Tri Mulyono sarta jajaran petinggi TNI. Pengetan ambal warsa dipun tandhani pagas tumpeng dipun pasrahaken dhateng warganing Persit berprestasi. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun pasrahaken bantuwan dhateng keluarga prajurit TNI AD ingkang betahaken lan dhateng siswa berprestasi sarta dipun pasrahaken bebana tumrap pasarta ingkang sasab salebeting lomba ingkang dipun gelar minggu kapengker. (Hari Atamaja)

Artikel Terkait

Akte Kelairan 2 Bahasa

19 April 2016 19:24

Reboisasi Bantaran Bogowonto

18 April 2016 19:18

5 Hektar Pantun Rebah

18 April 2016 19:14