Akte Kelairan 2 Bahasa

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:24

Sleman, www.jogjatv.tv Jumbuh kaliyan Undang-Undang Kependudukan Nomor 23 taun 2006, akte kelairan warga kedah sinerat ngginakaken 2 bahasa, inggigh punika Bahasa Indonesia lan Bahasa Inggris nanging kasunyatanipun, ngantos samangke namung ngginakaken setunggal bahasa kemawon, inggih Bahasa Iondonesia pramila menawi sawanci-wanci badhe dhateng ngamanca, kedah pados akte kalih bahasa. Awit saking punika, Kepala Dinas Dukcapil Sleman, Supardi ngajab supados Warga Sleman, ingkang aktenipun namung ngginakaken setunggal bahasa tumuli nggantos akte 2 bahasa.

 

Supardi ugi mratelakaken gantosipun akte kelairan satunggal bahasa dados 2 bahasa, inggih tanggel jawab Kantor Dinas Dukcapil pramila warga dipun sukani kalodhangan gantos akte 2 bahasa kanthi lelahanan. (Subardi)

Artikel Terkait