Kerajinan Ringgit Klithik

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:27

Klaten, www.jogjatv.tv Satunggaling warga Desa Gemampir , Kecamatan Karangnongko, Klaten, Jawa Tengah, Kotib Febi Mistar ngantos samangke, greget nekuni pakaryan minangka perajin ringgit klithik. Kepara wohing pakaryanipun nate sasab dados juara 2 tataran nasional sawetawis taun kapengker.

5 taun pungkasan Kotib lan warga sakiwa tengenipun damel ringgit bahan baku kajeng sengon, mahoni lan jati kanthi nengenaken pepakemipun. Damel ringgit klithik betahaken wekdal 3 dinten dene panyadenipun rumambah dhateng sawetawis wewengkon antawisipun Semarang , Mojokerto , Jakarta kepara ngantos sajawining Pulo Jawa. Regi ringgit klithik antawis Rp 5.000,00 nganhtos 5 yuta rupiyah.

Camat Karangnongko Klaten, Jaka Supriyanta badhe tembayatan kaliyan maneka pehak kangge biyantu perajin ing tlatah kasebat, supados usahanipun ngembang ngrembaka lan lestari. (Haryadi)

Artikel Terkait