Lomba Kartinian

Admin | Selasa, 19 April 2016 19:28

Purworejo, www.jogjatv.tv Kangge mengeti Hari Kartini ingkang kaping 137, Polres Purworejo ,Jawa Tengah, nggelar lomba kartinian mapan ing Mapolres Purworejo. Lomba ingkang dipun gelar antawisipun, lomba merias wajah, peragaan busana ibu bhayangkari sarta lomba musik.

Kapolres purworejo ngajab maneka lomba ingkang dipun gelar sageda nyupeketaken patembayatan ing antawisipun warganing Polres Purworejo sumrambahipun dhateng kulawarga.

Salebeting kalodhangan kasebat, Kapolres Purworejo AKBP Arsida Septiana kepareng nyemak lan biji lomba masak nasi goreng para perwira. (Pambudi Nugraha)

Artikel Terkait