Puluhan Hektar Taneman Pantun Kekirangan Toya

Admin | Senin, 11 Januari 2016 19:57

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Puluhan hektar taneman pantun ing tlatah Kecamatan Semanu kaancam pejah, awit taneman pantun ingkang sawetawis wulan kapangker dipun tanem, samangke alum jalaran kekirangan toya, kamangka sampun wancinipun matun, nanging pasiten ing sabin nela. 18 dinten pungkasan, tlatah Semanu iring kidul boten jawah, kamangka kadang tani nanem pantun Ciherang ingkang kedah kacekapan irigasi. Kangge milujengaken taneman pantun, kadang tani kedah nyewa alat sedot air, supados saged ngocori sabinipun. Kawontenan kasebat njalari wragat olah tetanen tikel, awit tarip sewan Rp 85 ewu saben jam. Begjanipun, taneman pantun boten katerak ama.

Miturut Salah satunggaling petani, Sarno Hadi Siswoyo mangsa tanem samangke kadang tani tombok, awit wragat olah tetanen tikel matikel.

 

(Anjar Ardityo)

Artikel Terkait

Festival Hujan 2016

11 Januari 2016 19:53

Candi Gedong Songo

11 Januari 2016 19:53