Ladosan Informasi Loker Dereng Tumanja

Admin | Senin, 11 Januari 2016 19:55

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Pemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Tenaga Kerja Dan Transmigrasi gadhah cara enggal , salebeting ladosan informasi lowongan pekerjaan kanthi nyawisaken kantor ingkang sekeca kangge madosi informasi lowongan kerja. Kantor ingkang dipun suhi dening Disnakertrans bidang tenaga kerja kasebat ngladosi warga ingkang pados kartu kuning utawi AK1 sarta suka maneka nformasi bab lowongan pekerjaan ing Kota Yogyakarta lan sajawining wewengkon. Sinaosa dipun cawisaken ruang konsultasi pencari kerja,nanging ngantos samangke, fasilitas kasebat dereng dipun tanjakaken dening pencari kerja, kepara tumapak taun 2016 samangke, namung sawetawis warga kemawon ingkang pados AK1. Kados kantor dinas tenaga kerja sanesipun, kantor Bidang Tenaga Kerja Kota Yogyakarta namung regeng nalika wonten informasi lowongan CPNS.

 

 

(Hari Atamaja)

Artikel Terkait

Festival Hujan 2016

11 Januari 2016 19:53

Candi Gedong Songo

11 Januari 2016 19:53

TNI Biyantu Petani Nyemprot Ama

08 Januari 2016 19:59

Taneman Lombok Katerak Virus

08 Januari 2016 19:58