Taneman Lombok Katerak Virus

Admin | Jumat, 08 Januari 2016 19:58

Klaten, www.jogjatv.tv Taneman lombok ing Desa Dompyongan Kecamatan Jogonalan Klaten katerak virus, tundhanipun asil pane kadang tani sudap. Rubiman, salah satunggaling petani lombok, namung saged pasrah dhateng kawontenan jalaran saperangan taneman lombok gadhahanipun katerak virus pramila taneman ingkang sampun wancinipun dipun panen garing,

Sakawit Rubiman nanem 4 ewu taneman lombok, nanging samangke kantun 2 ewu ingkang gesang. Kawontenan kasebat njalari asil panenipun suda Miturut pandugi paneraking virus ngrebda awit kaperbawan kawontenan cuaca ingkang boten gumathok.

Kajawi katerak virus, ngantos samangke petani boten saged nemtokaken regi jalaran sampun dipun temtokaken dening para bakul. Satemah petani lombok kapitunan.

 

(Purwanto)

Artikel Terkait